PROFIL
Simbah wonten video menika asmanipun Simbah Purwa ingkang yuswanipun 85 taun , simbah Purwa menika satunggaling tetanggi kula ingkang taksih remen nginang . Simbah menika pidalem wonten ing Kembaran Tamantirto Kasihan Bantul . Simbah Purwa menika gadhah garwa ingkang asmanipun Simbah Pur ananging simbah Pur menika sampun seda rikala taun 2015 . Saha simbah Purwa menika gadhah putra 4 ingkang asmanipun Tukinem , Genuk , Slamet aha Lasiman . Simbah purwa menika saben dinten kedah nginang amargi kawit anem sampun kulinten nginang , saengga simbah Purwa saben dinten mbetahaken bahan kangge racikan kinang menika antawisipun inggeh menika godhong sedah , injet , gambir , lsp lajeng menawi badhe ngresiki waja ngginakaken sata kedu. Ananging simbah Purwa menika sampun boten saged pados bahan menika piyambak amargi simbah purwa menika sampun sepuh saha badanipun sampun boten saged nyangga badan ingkang ageng menawi badhe jumeneng . Pramila simbah menika nyuwun tulung dipunbiyantu kaliyan putra wayah menawi badhe ten wingking utawa mbetahaken menapa kemawon . Ananging simbah Purwa menika nate nyuwun tulung kaliyan buyutipun supados dipunpadosaken sedah wonten ing ngajeng griya , ananging buyutipun menika taksih alit inggeh menika umuripun nembe 3 taun dados boten mangertos menapa ingkang dipunkersaaken simbah menika saengga buyutipun menika methik godhong ingkang boten trep ingkang dipunkersakaken inggeh menika godhong suwek , saklajengipun saksampunipun godhong menika dipunparingaken dhumateng simbah , simbah purwa menika ugi boten ningali godhong menika lajeng mawon dipunracik saha dipunkunyah , boten saksampunipun ngunyah racikan menika simbah purwa ngraosaken gatel wonten ing tutuk , lajeng simbah purwa menika nimbali putranipun . Nok iki godhong opo ta , kok bar tak kunyah lambeku gatel kabeh ? pitakonanipun simbah Purwa . menika godhong suwek mbah , kenging menapa kok dipunkunyah ." Iki mau aku jaluk tulung karo anakmu tak kon nggopekke suruh tak nggo nginang ." Walah mbah , menika buyutipun dereng mangertos godhong sedah menika ingkang kados pundi . Berarti buyutku mau ming ngawur anggone golek godhong ." Inggeh mbah . Menika cariyosanipun simbah rikala dipunpedhetaken godhong buyutipun .
Saklajengipun simbah ugi maringi pirsa caranipun ngracik kinang , inggeh menika:
1. Ingkang sepisan inggeh menika mendhet kalih ngantos tiga lembar
sedah. 2. Saklajengipun mendhet sekedhik injet ( gamping ) ,sekedhik gambir
lajeng dipunbungkus kaliyan godhong sedah. 3. Saklajengipun bungkusan godhong
sedah menika dipunkunyah ngantos lembat . 4. Menawi badhe ngresiki waja , ngangge
sata kedu .
Saklejengipun
simbah Purwa uga maringi pirsa menawi nginang menika kathah paedahipun ,
antawisipun : Kula saksampunipun nyuwun pirsa dhumateng simbah Purwa kula saged
mangertosi paedahipun saking nginang:1. Saged ngiyataken waja. 2. Saged ngobati
pendarahan wonten ing gusi . 3. Saged ngirangi mambetipun tutuk.
Gambar wonten nginggil menika bahan ingkang dipunbetahaken kaliyan simbah Purwa
simbah purwa Simbah Purwa kaliyan kula