Ancasipun nyerat inggeh menika :
1. Persuasif , inggeh menika panyerat ngajak pamaos ,
supados pamaos saged kersa nindhakaken menapa ingkang kedah dipuntindakaken
saha menapa ingkang sampun dipunandharaken panyerat menika .
Tuladhanipun : iklan
bakiak asli indonesia
Monggo dipun cobi
rumiyin
tak jamin
ora bakal gelo
Ukara wonten nginggil menika gadhah ancas maringi pirsa saha
ngajak pamaos kersa ngginakaken produk indonesia .
2. Informatif , inggeh menika panyerat maringi informasi
saha wawasan supados kadang pamaos saged pikantyuk ngelmu bab menapa kemawon
ingkang sampun kadadean .
Tuladhanipun : profil , reportase saha pawarta
Raden Adjeng
Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April1879 -
Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I.
Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden
Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan
panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh
piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan
dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika
ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados
piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing
sekolah Walandi.
Durung suwe iki
pancen wis tau dikabarake yen akeh montor mabur sing padha nemahi kacilakan ing
mancanegara utawa ing Indonesia. Durung ana rong sasi kabar mau, lha kok
kasusul maneh kedadeyan montor mabur tiba durung suwe iki, pase ing desa
Geplak, Kecamatan Karas, Magetan, Jawa Timur rikala dina Rebo esuk kira-kira
jam setengah pitu ing tanggal 20 Mei 2009, nalika bangsa Indonesia mengeti Hari
Kebangkitan Nasional. Montor mabur kang tiba lan kobong mau duweke TNI AU jinis
Hercules C-130 nomere A-1325.
Ukara wonten ing
nginggil menika gadhah ancas maringi pirsa dhumateng kadang pamaos bab menapa
kemawon ingkang sampun kadadean .
3. Estetis , inggeh menika panyerat ngriptakaken seratan
ingkang endah . Awit saking menika panyerat saged milah - milah tembung saha
basa supados saged trep lan endah .
Tuladhanipun : geguritan , cerkak saha novel
pahlawanku
wutahing ludirmu
nyiram ibu pertiwi
nadyan sang ibu
kudu muwun sedhih
karajang-rajang
manahe
karujir-rujit rasa
pangrasane
Kembang Turu lan
Tresna
Suruping
donya wis ganti dadi esuk , suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak omah ,
nangekake wong wadon sing turu ning kasur putih .
Wonten tuladha ing ngginggil menika ngandharaken kadang
panyerat saged ngriptakaken seratan kanthi endah .
4. Ekspresif , inggeh menika panyerat saged ningalaken
pangraosan ingkang nembe dipunraosaken , pengalaman piyambak , saha saged
ngandharaken perkawis ingkang sampun kadadean .
Tuladhanipun : Cerkak , novel , saha geguritan
Kembang Turu lan
Tresna
Suruping
donya wis ganti dadi esuk , suara kicau ing manuk ning dhuwur wit cedhak omah ,
nangekake wong wadon sing turu ning kasur putih .
pahlawanku
wutahing ludirmu
nyiram ibu pertiwi
nadyan sang ibu
kudu muwun sedhih
karajang-rajang
manahe
karujir-rujit rasa
pangrasane
wonten tuladha ing nginggil menika
panyerat saged ningalaken pangraos ingkang nembe dipunlampahi .
5. Argumentatif , panyerat ngandharaken saha saged maringi
alasan menapa kemawon ingkang dipunserat . Saha menika dipunlampahi supados
pamaos saged mangertos kaliyan seratan ingkang sampun dipunriptakaken dening
panyerat .
Tuladhanipun : karya ilmiah
Ukara wonten ing paragraf argumentatif menika ingkang
nedahaken bilih tuladha menika gadhah ancas argumentatif inggih menika “Basa
Jawa menika gadhah relevansi kaliyan pendidikan budi pakarti. Kangge
tuladhanipun, lare ingkang nyinau basa Jawi mboten kraos ugi pikantuk pelajaran
budi pakarti. Paling mboten, lare menika saged mangertosi babagan unggah-ungguh
ingkang dados salah satunggaling unsur penting wonten pendidikan budi pakarti.”
Wonten ing ukara menika panyerat nerangaken pamanggihipun
kanthi bukti saha alesan ingkang cetha, saengga para pamaos saged percaya
marang menapa ingkang sampun dipunserat
Wonten tuladha ing nginggil
panyerat ngriptakaken seratan ingkang ngrembab menapa kemawon ingkang nembe
dipunlampahi .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar