ASAL USUL KEMBARAN TAMANTIRTO KASIHAN
- Kembaran
- Tamantirto
- Kasihan
Kasihan inggeh menika kecamatan
wonten ing kabupaten Bantul , DIY . Tembung kasihan menika dipunpendhet saking
asma sendang pengasihan , sendang pengasihan inggeh menika telaga ingkang
tlatahipun wonten ing kasihan .
Kasihan adalah sebuah kecamatan di
Kabupaten Bantul, Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonesia. Wilayah
Kecamatan Kasihan dahulu merupakan wilayah Kawedanan Godean. Nama Kasihan
diambil dari nama Sendang Pengasihan, sebuah telaga yang terletak di dusun
Kasihan, Kelurahan Tamantirto. Sendang menika gadhah kekiyatan ingkang saged
mbiyantu tiyang ingkang rekaos anggenipun pados jodho . Miturut legenda Sendang
Kasihan menika gayut kaliyan cariyos Rara Pembayun . Sakderengipun mlebet
wonten wilayah mangir , Rara Pembayun sareng kaliyan pengiring siram wonten ing
senang menika . Proses nyuciaken dhiri saged maringi kaluwihan inggeh menika
ayuning Rara Pembayun saengga ndamel Ki Ageng Mangir tresna kaliyan Rara
Pembayun . Pramila toya wonten ing sendang menika saged ndamel badan langkung
anem , saha saged mbiyantu pados jodho .
Sendang Pengasihan ugi dados tlatah
kangge semedi Raden Ronggo putranipun Panembahan Senopati saking Rati kidul .
Ki Juru Martani sakderengipun mlampah wonten ing Kadipaten Pati ugi ndadosaken
griya alit wonten ing celakipun sendang pengasihan . Tlatah menika dipunasmani
Juru Martanipuro . Wilayah kasihan menika kanthi turun temurun dipunkuwasani
kaliyan rayinipun raja Yogyakarta awit saking taun 1760 , panguwasa Kadipaten
Kasihan inggeh menika : Pangeran Yudonegoro ,
Pangeran Suronegoro , Pangeran Brotodiningrat I , Pangeran Surosentiko ,
Pangeran Brotodiningrat II , Pangeran
Brotodiningrat III , Pangeran Fransiscus Xaverius Buntaran Martoatmodjo
(1936-1952) , rikala wulan desember taun 1945 , wilayah menika dipunparingaken
dhumateng pemerintah desa wonten ing ngandhapipun pimpinan Bapak Raden Ngabehi
Prodjosantoso .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar