Rabu, 25 Januari 2017

Cerkak pengalaman



Cerkak pengalaman

                                  KATRESNAN DADOS MUNGSUH  

Cariyos menika kadadean rikala taksih SMP , wonten ing jaman SMP kula ngraosaken remen sanget amargi kathah kanca saha gadhah kanca celak ingkang namanipun Erni . Kula kaliyan erni menika kulinten dolan sareng saha kula kaliyan erni kulinten mlampah sareng wonten ing sekolah , ngantos kanca kula ngraosaken menawi kula saha erni kadosta tiyang ingkang kembar .
Wonten ing dinten saklajengipun kula semerep kaliyan tiyang kakung ingkang manahipun sae saha aktif wonten ing sekolah , tiyang menika namanipun Titan . Wonten kawiwitan kula namung remen kaliyan titan menika ananging boten dangu pangraosan remen menika owah dados remen sanget . Kula remen titan menika boten saking bagus saha kathahipun arta ananging kapinteranipun . Titan menika kulinten mbiyantu tiyang ing nembe kasisahan . Saengga wonten manah kula , kula ngraosaken menapa titan menika ugi ngraosaken remen kaliyan kula menapa boten . Ananging boten dangu , titan ngandharaken menawi remen ugi kaliyan kula saengga wonten ing manah kula ngraosaken remen sanget mireng tembung kasebut sampun kandharaken kaliyan titan . Saklajengipun kula mutusaken kangge nglampahi hubungan menika .
Wonten ing tengah – tengah katresnan menika , kula ngendika kaliyan kanca kula erni menawi kula kaliyan titan menika sampun jadian , ananging erni saksampunipun mirengaken kula lajeng nilaraken papan saha nilaraken kula piyambak . Amargi kula ngraosaken boten eca , kula lajeng ngajak erni menika ngendika kanthi sae . lajeng wonten ing pungkasan erni menika kersa kula ajak ngendika , ananging rikala kula ngendika , erni ngraosaken padharanipun sakit lajeng pamit wonten ing wingking saha erni menika nilaraken hp wonten ing meja , boten dangu wonten telepon ingkang mlebet saha nama kontakipun inggeh menika love titan . Wonten ing papan menika kula lajeng ngangkat telepon menika kasunyatanipun telepon menika saking titan , saengga kula sampun mangertosi menapa ingkang kadadean lajeng kula nilaraken papan menika .
Rikala kula nilaraken papan menika erni nimbali kula ananging kula boten mirengaken amargi erni menika sampun kula anggep kanca celak ananging kersa goroh kaliyan kula dados kula sampun ngraosaken boten srep kaliyan tiyang menika .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar