KATRESNAN INGKANG BOTEN SAGED DIPUNOWAHI
Dening Puspita Dewi Andarini
Mangkeling
mangkel , boten sami kaliyan tiyang ingkang nembe gerah . Gelaning gela , boten
sami dipunblenjani kaliyan tresna . Boten ningali bagus menapa elek , boten
ningali pinter menapa bodho , amargi sedaya menika sami mawon . Sakmenika sami
kaliyan Anjasmara . Paningalipun kelop-kelop , ningali ternit ingkang wonten
ing nginggilipun peturon . Amargi menawi badhe ningali usuk , sampun katutup
ternit . Dados ingkang saged dipuntingali namung ternit kemawon . Ingkang
dipungambaraken endah edi , sami kaliyan ukir-ikiran . Kala wingi menawi dipuntingali
kanthi edi peni , ananging sakmenika boten . Amargi kala rumiyin sedaya ingkang
dipuntingali menika saged nggemesaken manah , ananging sakmenika langkung
ndamel boten eca . Anjasmara taksih melek boten sare ananging manahipun taksih
sisah .
“ Njas Anjas ,
sampun ngantos ndongang – ndongong sami kaliyan sapi ompong . Menika kanca-kanca
sampun kathah . wungu , sampun ngantos sare wonten ing dipan kemawon ,”
swantenipun Suamni kepireng saking wingking lawang kamar .
“ sapa ? “
Pitakonanipun Anjas .
“ menika dhemenanipun
panjenengan ugi sampun nengga wonten ing pendhapa ,” Sumani ngandharaken .
Kepireng
wangsulanipun sumani ngoten wau , anjasamara lajeng wungu . Dhemenan menapa ta
. Kedah dipunaturi wonten ing mriki menawi Anjasmara menika sanes Anjasmara ari
mami jaman Menakjingga saha Damarwulan . Menawi jaman Menakjingga , Anjasmara
menika ayu . Ananging menawi Anjasamara wonten ing jaman komputer menika
esemipun ugi nggreget , ananging menawi dipuntingali kaliyan estri . Pramila
boten nate menawi boten percaya kaliyan piyambakipun , amargi kathah tiyang
estri ingkang nyelaki ahli gendhang menika . Saha piyambakipun sampun
dipuntrepaken kaliyan penyanyi ingkang asmanipun Wulandari . Menika sampun
kaluwihanipun Wulandari ingkang gadhah garwa ingkang bagus sanget saha
setunggal kelas anggenipun kuliah ,
Wulandari sarta garwanipun menika kuliah wonten ing Institut Seni Indonesia .
Boten gumun menawi Wulandari menika ayu sanget saha pinter anggenipun nyanyi
campursari . Saengga boten gumun menawi
Anjasmara menika dados garwanipun Wulandari .
Pramila rikala
sumani Nyuwanten , Anjasamara lanjeng wungu , nguceg paningalipun , banjur
mandhap saking peturon . Nyelaki Sumani kaliyan nyuwun pirsa ,” Wulandari
ndherek mriki ?
Sumani mangsuli pitakenanipun
kanthi alon : “ Boten , Wulandari wonten ing desa Purwantara kaliyan garwanipun
. Menapa paedahipun nengga pan jenengan , jaka menika ahli gendhang namung
pikantuk damelan ingkang kala-kala kemawon .
“ Kenging menapa panjenengan
ngendika demenan kula mriki ? “ ngendikanipun Anjasmara kanthi mbesengut
“ Demenanipun panjenengan wonten
pinten ? “ Sumani nyuwanten .” Menika …..Nanik ugi rawuh . Menapa demenanipun
panjenengan wonten kalih ? “
“ Boten nggih , “ ngendikanipun
Anjasmara
“ Nik….Nanik , iki lho Anjas nembe
wungu . Menika dipunajak medal kemawon .” Sumani nyuwanten
“ Mas kados pundi kendharaanipun
sampun siap dereng ? “ Pitakonanipun Nanik kaliyan nyelaki kamaripun Anjas .
“ Sampun beres , “ wangsulanipun
Anjasmawa .
“ Beres-beres , ingkang madosaken
kendharaan menika kula ,” Sumani tumut nyaut menawi boten dipunsuwuni pirsa .
“ Ngoten menika ugi kangge
kapentingan kanca piyambak ta mas ? “ ngendikanipun Nanik kaliyan tumuju
kamaripun Anjas .
“ He , sampun ngantos mlebet kamar
rumiyin , taksih badhe kathokan ,” ngendikanipun Sumani .
“ Sami medal rumiyin , “
ngendikanipun Anjasmara kaliyan mlebet kamatr malih . Kanca-kanca sedaya sampun
minggah kendharaan . Ancasipun badhe tanggapan wonten ing Purwantara ingkang
tlatahipun wonten ing Wonogiri .
“ Kursi ingkang celakipun nanik
sampun ngantos dipunlenggahi , menika sampun dipunweling , kala wau sampun
dipunginakaken Anjas ,” Sumani nyuwanten kaliyan ngguyu . Sanesipun tumut
ngguyu sedaya . Nanik namung mesem kemawon . Anjasmara boten isin lenggah
wonten celakipun Nanik .
“ Kanca-kanca minangka kancanipun nanik
matur nuwun kala wingi sampun kersa rawuh wonten ing slametanipun Nanik ,”
swantenipun sumani wonten ing tengah-tengah swanten mesin kendharaan .
“ Nanik namung menjep kemawon ,
sanesipun ngguyu amargi mangertosi menawi sumani menika namung tukang gojeg .
Anjas nyikut Nanik kaliyan ngendika
“ Boten sah dipunpikiraken ,
dipunuja kemawon tutukipun . “
“ Kala wingi Nanik boten sukuran ,
amargi Anjas kaliyan Wulan sampun pedhot . Lajeng calonipun Anjas boten wangsul
tumuju Nanik ,” Sumani taksih ngguyu .
Sanesipun sami ngguyu ger-geran . Nanik
menika boten ngawontenaken sukuran amargi menika namung guyunane sumani mawon .
Sedaya kanca-kanca Campursari sami
ngguyu cekakakan . Namung Anjas ingkang boten ngguyu .
“ Nik …. Samangke sampun ngantos
nyanyi “ wuyung “ utawa “ weke sapa “ , amargi samangke Anjas boten saged
nggendhang .” ngendikanipun sumani kaliyan taksih mbebeda .
Anjas nyikut bangkekane Nanik
kaliyan ngendika ,” Boten sah dipuntanggepi .
Nembe mawon mingkem tutukipun Anjas
, hp ingkang wonten kathongipun nyuwanten . Nanik ingkang ngandharaken . “
Tilpun mas .”
Anjasmara mendel kemawon lajeng
mendhet hp . Nanik ugi mendel tanggap sasmita .
“ Halo , inggeh leres kula
tiga-tiga ,” Anjas mangsuli liwat Hp
“ Kados pundi ? menika kula wonten ing dalan .
Badhe tindhak purwantara dhaerah wonogiri . Leres , kula sareng-sareng njagong
tindhak griyanipun Wulandari .” Mendel sekedhap mirengaken tiyang ingkang
nilpun . Boten dangu malih sampun semaur : “ menika kula celak kaliyan Nanik .
Inggeh boten wonten rahasia .
Sumani ingkang lenggah e namung
celak nyuwanten ,” Edan mas , tindhak Purwantara celak kaliyan demenan . taksih
dipuntambahi tilpun saking bos . Menapa pikantuk damelan ?
Anjas mendhel kemawon kaliyan mesem . Nanik boten nyuwun
pirsa : “ wonten menapa ta mas?
“ menika kabar damelan . Kula didhawuhi wangsul , amargi menika
penting “ , wangsulanipun Anjasmara .
“ Dipunlajengaken kemawon
anggenipun jiwit-jiwitan “, suwantenipun sumani ,” Kancanipun mirengaken
ngendikanipun sumani kalau wau sedaya sami ngguyu , ananging Anjas kaliyan
Nanik namung mendhel kemawon .
Ingkang dipunpikir sanget inggeh
menika kahanan ingkang taksih repot . Menawi Rudi dipuntangkep polisi , wonten
dalu menika ugi kedah tindhak purwantara ngalamar Wulandari , sampun boten
saged utawi boten siyos . Ingkang begja malih Anjas . Ananging sedaya tiyang
ingkang sami mangertosi menawi rudi dipuntangkep amargi laporan saking
koranipun Anjas .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar