Rabu, 25 Januari 2017

GEGURITAN ( REV )




                                                      ENDAHING PURING 

                                      
Puring .....
Kadya jejering puring iku
Bisa dadi tuwuh kadya pepethaning uripku
Bisa dadi sesawangan kang nentremke atiku
Nadyan tekaning laku
Nanging iku bisa dadi tandha tuwuhing tresnaku
Merga lathi lilanana aku nyawang sliramu
Sanadyan mung sakedheping nitraku
Mung sliramu sing bisa nglipur atiku

Endahing slira bisa ngelingake kang ngripta
Endahing katon esem kang bisa gawe tentrem
Awit kaendahan iku bisa dadi lenggahing praja

Puring ….
Godhongmu kagawa obah musike ati
Gumun ngrasake urip iki
Kabuncang angin tan kumawi
Sambate tekan lungiting ati

Mula endahing puring
Kang dadi srananing manunggaling rasa
Ing kono tuwuhe kabegjan jati



Tidak ada komentar:

Posting Komentar