Katresanan
marang kaendahan
Dening Puspita Dewi Andarini
Godhongmu sing warna warni
Nek tak sawang nentremake ati
Awit kaendahan iku pepaesing donya
Sumedhot rasaning atiku weruh
sliramu
Geneya sliramu kudu nampa lelakon
iku
Bisa nampa dadi pacobanira
Wayah ngancik lingsir sore
Ngetutake tumapak lakune
Aku bisa nyawang alam donya
Meruhi abang ijo kuning tetandurane
Nyawang kaendahan ngelam-lami ati wae
Wit cilik kang nduweni kaluwihan
Thukul subur ana tengah-tengah
pasuketan
Ginagas gedhene ora mingsra
Nanging tuwuhe ngrerindu atiku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar