Rabu, 25 Januari 2017

Geguritan



Puring


Puring ….
Warnamu nek tak sawang ngresep neng ati
Wis katon endah
Ngiringake soroting srengenge

Puring…
Barang kang sepele
Nanging akeh gunane
Kanggo sarana lan uba rampe
Nalika gawe kembar mayang lan uga gawe tarub

Puring…
Aku bisa thukul lan urip
Neng ngendi papan
Ing papan teles lan garing
Rupaku ijo lan kuning
Mula aku aja dilalekke
Koyo aku lan kowe .


Tidak ada komentar:

Posting Komentar